eeda journey

catatan reportase seorang jurnalis:
pendidikan,hukum,sosial politik, budaya

2:40 PM

Menolak calon pegawai cara Jawa.....

Posted by Eeda |

PS: Goyon bentar ya temen2 blogger...Cape nih serius mulu. Yang ga ngerti bahasa jawa, mohon maap bgt. (Kl ada waktu, saya translate deh-Akhirnya saya translate juga krn banyak request)
Bos(B): Kowe nduwe omah opo ora.....? (kamu punya rumah ga)
Pelamar (P): Dereng.... (belum)
B : Wah kowe ora iso ketompo ana kene. (Wah kamu ga bisa diterima di sini)
P : Lho kok ngaten........? (kok gitu)
B : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.(Ntar kamu pasti ngajuin
utang ke perusahaan)
P : Ah.. mboten, kok. Sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
(Ah ga kok. Sebenarnya orangtua saya udah kaya)
B : Yo malah ora ketompo (wah malah ga keterima)
P : Lho kok ngaten.....? (kok gitu)
B : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang-nongkrong ae.
(Ntar kamu kerja cm buat hiburan, nongkrang nongkrong doang)

B : Kowe nduwe motor opo ora....? (Kamu punya motor ga)
P : Mboten. (ga)
B : Ora ketompo (ga keterima)
P : Lho kok mboten ketampi? (kok ga keterima)
B : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. (ntar kamu pasti minta bantuan kredit)
P : Sakjanipun gadhah, ning tasih wonten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
(Sebenarnya punya, tapi masih di kampung.gampang nanti saya bawa ke sini)
B : Wah malah ra ketompo....(wah malah ga keterima)
P : Lho kok ngoten...? (kok gitu)
B : Tempat parkire wis ra cukup. (tempat parkirnya udah ga cukup)

B : Kowé wis lulus sarjana tenan.....? (kamu bener udah lulus sarjana)
P : Sampun, Pak.... (udah pak)
B : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah. (Ga
keterima. Di sini cari yg SMA, lebih nurut dan bayarannya murah)
P : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi (sebenarnya saya masih mau skripsi)
B : Malah ora ketompo.....(malah ga diterima)
P : Lho, kados pundi tho....? (lho gimana sih)
B : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng
perusahaan liyo.
(Nanti kamu kerjanya cm ngetik skripsi, kl dah lulus pasti cari kerja di
perusahaan lain)

B : Kowé seneng guyon opo ora? (Kamu seneng becanda ga)
p : Mboten pak, kulo serius yén nyambut damel. (ga pak, saya serius kl bekerja)
B : Ra ketompo..... (ga keterima)
P : Waa......kok ngoten? (wa kok gitu)
B : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress. (nanti temen2mu dan anak
buahmu pada stres)
P : Sakjané nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon (sebenarnya dikit seneng becanda)
B : Malah ora ketompo. (malah ga keterima)
P : Lho kok......
B : Engko kowé mung email emailan sing lucu.......(Ntar kamu cm email2an yang lucu)

B : Kowé mau mréné numpak opo? (Kamu td kesini naik apa)
P : Mobil (mobil)
B : Kowé ora ketompo (kamu ga diterima)
P : Sebabipun? (kenapa)
B : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus (harga BBM naik
terus, ntar kamu minta naik bayaran)
P : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok ( wo..saya td cm numpang kok)
B : Tambah ora ketompo (Makin ga diterima)
P : Lho, lha kok ... ?
B : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi ! (Nanti kamu bisanya cm
numpang mobil kantor. Ngrecokin!)

B : Anakmu akèh opo sithik? (anakmu banyak atau sedikit)
P : Katah pak (banyak pak)
B : Kowé ora ketompo (kamu ga keterima)
P : Sebabipun ? (kenapa)
B : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus (kerjamu ga tenang,
cm mikir bikin anak mulu)
P : Lha wong namung anak adopsi, kok. (lha cm anak adopsi kok)
B : Tambah ora ketompo (malah ga keterima)
P : Lho, lha kok ... ?
B : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé (buat anak aja males2an, apalagi
kerja)

B : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ? (Udah tau kerjaanmu belum)
P : Dèrèng (belum)
B : Kowé ora ketompo (kamu ga keterima)
P : Sebabipun ? (kenapa)
B : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ? (Mau kerja kok ga tau kerjaannya)
P : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok (o, kl kerjaan itu mah udah tau)
B : Tambah ora ketompo (makin ga keterima)
P : Lho, lha kok ... ?
B : Kowé rak mung arep keminter, to ? (kamu cm mau sok pinter kan?)

B : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung ? (Kamu tau keadaan kantor lom)
P : Dèrèng (belum)
B : Kowé ora ketompo (kamu ga keterima)
P : Sebabipun ? (kenapa)
B : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré (mau kerja kok ga tau kantornya)
P : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok (wo..dikit dikit udah tau kok)
B : Tambah ora ketompo (makin ga keterima)
P : Lho, lha kok ... ?
B : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to? (kamu sukanya buka rahasia
perusahaan tho)

B : Kowé kerep loro ? (kamu sering sakit)
P : Mboten (tdk)
B : Kowé ora ketompo (malah ga keterima)
P : Sebabipun ? (kenapa)
B : Mesti kerep mbolos, wong arang2 gering (pasti sering bolos, wong jarang sakit)
P : Wah, sakjanipun nggih asring (Wah , sebenarnya juga sering)
B : Tambah ora ketompo (makin ga keterima)
P : Lho, lha kok ... ?
B : Kantor iki ora nompo karyawan pileren. (kantor ini ga nerima karyawan sering
sakit pilek)

B : Kowé biso main Internét? (kamu bisa main internet)
P : Boten (tidak)
B : Ora ketompo (ga keterima)
P : Sebabipun ? (kenapa)
B : Perusahaan ora nompo wong BI (Buta Internet) (perusahaan ga berima orang BI)
P : Wah, sakjanipun nggih saged (wah, sebenarnya sih bisa)
B : Tambah ora ketompo (makin ga keterima)
P : Lho, lha kok ... ?
B : Mesti ora bakal nyambut gawé,kakèhan dolanan Internet,to?Ngenték-entekké pulsa!
(pasti ga bakal kerja, kebanyakan main internet to? ngabis2in pulsa)

B : Kowe waras opo ora? (Kamu waras ga)
P : Lha, kulo nggih waras to Pak. (ya waras tho pak)
B : Ra ketompo.......(ga keterima)
P : Kenging nopo .....? (kenapa)
B : Mengko kowe mesti ora krasan ana kene. (Nanti kamu mesti ga krasan di sini)
P : Niku rumiyin Pak,sakmeniko sampun rodo edan.(Itu dulu pak, sekarang udah rada
gila)
B : Malah ra ketompo......(malah ga keterima)
P : Pripun to niki....? (gimana sih nih)
B : Mengko aku duwe saingan..........(Ntar aku punya saingan)

Grab this Widget ~ Blogger Accessories
Subscribe